Sedurunge maca iki, berdoa sek ya. Iki yo iso diwaca di Mojok.co
Sugeng napa mawon sedulur, aku bersyukur isih isa pethuk wulan ingkang mulya yaiku wulan Ramadhan. Sakjane sing dirindukan wong-wong kae wayah wulan pasa iku apa ya? Sejatine sing merindukan wulan apik lan minulya mung krana Allah ta’ala ya kuwi wong sing bejo lan dirahmati kalian Allah SWT. Ya akeh saiki wong sing yakin, ikhlas, lan ora ngarep apa-apa ing wulan pasa, kajaba mung rahmatipun Gusti Allah. Nanging ya isih ana wong sing ngarep liyane, kaya ngabuburit, buka bareng kanca-kanca, nyumet mercon, nganti nggugahi
wong sahur nganggo klothekan sing khas. Aku kalebu sing setengah-setengah ngarep rahmat, iya, ngarep ngabuburit, iya.
Sing dadi pitakonanku saiki apa yen wulan pasa tontonane kudu beda, apa rungonane kudu beda, apa maneh ya sing kudu beda? Pokok apa ya kudu ngono? Sing paling akeh ning wulan pasa yaiku tontonan ngabuburit, tontonan sahur, lan hafidz sing melu kompetisi, rungonane lagu-lagu islami. Apa ya kudu ngono? Seumpama ben dina ngono kuwi apa ya ora oleh? Apa ya saru disawang, dirasakne, lan dirungokne? Oh iya sedulur, ana sing tak ileng-ileng tontonan televisi sing kurang faedah, tapi isih ana ing televisi. Aku ora isa nyebutake tontonane apa, tapi jelase ana sing joget-joget nduduhne lekuk-lekuk awake lan suarane ngundang pikiran ala. Piye maneh lek sing ngono kuwi isih diizini tayang, adhewe mung isa apa yen didemo ya panggah wae, dinyinyir ya panggah ae, kalah dompet wong cilik ngene iki. Menange tontonan ngene iki amarga ana tedenga aling-aling yaiku judule ana embel-embele Ramadhan. Wes ben diurusi sing nduwe wewenang wae ya. Sek, ana maneh aku tahu weroh tontonan Ramadhan liyane sing rodok faedah. Kethokane faedah, tapi ora ana sing weroh iki tenanan apa ora yaiku tontonan kuis ing wulan pasa. Apa ya kudu beda ngene iki sing adhewe tonton? Kuis ngono kuwi tenan apa ora ya? Sing entok menawa kanca-kanca, tangga-tangga, lan batih-batihe dhewe. Mosok aku tahu melu telpon ning nomor sing jare kuis-kuis ora tahu entok, apa iki durung bejaku? Ya emboh sing eroh mung sing nduwe kuis lan Tuhan Kang Maha Agung.
Ana maneh tontonan televisi sing beda lan mung enek ing wulan pasa. Tontonan iki yaitu kompetisi islami salah sijine hafalan Al-Quran. Sebutane iku hafidz lan hafidzah, ya iki muda mudi sing dikarepne bangsa amarga bisa nggowo agamane ning zaman edan kaya ngene iki. Tapi apa ya mung pas pasa oleh tampil ning televisi? Apa ya pas pasa oleh ana acara beda-beda? Dina-dina biasa oleh apa ora ya? Ya kuwi maeng tontonan-tontonan sing isa didelok sepisan lungguh mari ngono bosen sesok ora ndelok maneh ora masalah. Tapi enek tontonan sing sambung sinambung wes kaya sabang menyang merauke. Nah, iki jenenge sinetron, tapi beda, ora sinetron sing mlotot-mlotot kaya matane arep metu teko nggone. Ya ora sinetron sing ajaib-ajaibe dunya sing ceritane ghaib-ghaib, ora. Tapi sinetrone islami, kuwi lo sing biasane pemaine lembut kalem
lan lawan maine jahat, jahate paling mung fitnah lan sak panunggalane. Unik asline wulan pasa iku ya?
Sinetron biyen sing paling dikenal wong akeh ya “Para Pencari Tuhan” ileng kan ya? Awale metu wes apik, akeh faedahe, ora neka-neka ceritane, tapi suwi-suwi kok wes kaya kentekan cerita nggawe-nggawe cerita sing ora nyambung. Ya ngono kuwi, ora masalah nggoleki cacate sinetron, aku mung bahasa apa iya tontonan wulan pasa kuwi kudu beda. Kudu enek iklan sing jarene cairan ngge nambah stamina pas pasa. Ana maneh iklan sing pasti ana ing wulan pasa, iklan sirup sing ceritane saiki ana timun mas lan butho ijo.
Wes pokoke wulan pasa iku wulan sing suci, wulan sing akeh faedah, wulan sing isa nggolek pahala ora kira-kira, wulan sing jarene turu wae kalebu ibadah. Bayangno sedulur ya, turu, pegaweanmu ben dina sing dianggep pegawean ora faedah, ora nggenah, mung isa dilakoni yen wes wayah kesel utowo wes mari tanggung jawabe. Tapi ya sing nggenah aja teko fajar terbit nganti sore turu wae. Apa ora kesel? Kaya apa sing diomong Patrick, ngene, “mari tangi, turu, tangi, turu, tangi, turu tanpa leren seumur uripku, aku butuh leren saka riwehe
dina-dinaku.” Wes panutanku Patrick iki yen wes guyonan.
Nah, ndelok kelakuane Patrick, nandani yen ana tontonan sing ora beda masio ning wulan pasa. Tibake ya ana sedulur, tontonan wulan pasa sing ora beda kaya biasa-biasane kaya Spongebob, berita apa maneh sing saluran televisi berita kuwi ya kuwi loro saluran televisi, eroh kan? Kabeh tontonan becik yen sesuai umur sing ndelok.
Sedulur, apa wae tontonane pokok aja lali pasa ya. Jare guru ngajiku biyen ana pasa bedhuk, tapi tibake kuwi pasa gawe bocah-bocah latihan ben kuat. Apa wae tontonane kudu isa jaga awak, pikiran, lan hawa nafsu. Biasane ana tontonan sing isine panganan, ya kuwi ujian, godaan, mung isa sabar mergo iki ujian.
Wulan pasa wulan berkah. Caaakkeeeep!!! Aja agawe dosa lan aja lali wayah. Masio pasa ora nonton apa-apa ya asline ora apa-apa sing penting pasa ya sedulur.